Sesorah



KAWRUH SESORAH

Pangerten

Sesorah yaiku salah satunggaling kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawi ide. Sampun kawuningan, bilih nindakaken ayahan minangka pranatacara tuwin pamedhar sabda utawi sesorah menika dados punjering kawigatosan. Supados nengsemaken ing samudyanipun, pramila kedah nggatosaken:
1.      Busana (Ageman). Anggenipun ngadi busana kajumbuhna kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi. Umpamanipun ing pahargyan panganten, langkung prayogi ngagem busana kejawen jangkep.
2.      Subasita (Trapsila, Tata krami). Trapsila ingkang kirang, ugi badhe ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bawa sampun ngatos kadamel – dalem, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nanging boten kaken.
3.      Swara (Vokal, Basa Populer) Kedaling lesan kedhah kangladhi, supados saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan inggih mekaten ugi, kaudia saged mbedak – mbedakaken swantening tembung – tembung ingkang medal kanthi cetha. Kados pundi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kesesa, nanging ugi sampun ngantos nglentresh sanget.
4.      Basa tuwin Sastra. Ngudia tambahing seserepan ing babagan basa tuwin sastra, jalaran menika mujudaken kabetahan baku tumraping pranatacara saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedhah miturut tumraping sastra ingkang leres. Ringkesipun basa ingkang komunikatif inggih menika basa ingkang kedah angengeti :
-          Sinten ingkang gineman;
-          Sinten ingkang dipunjak gineman;
-          Sinten ingkang dipun ginem;
-          Swasana nalika gineman;
-          Sami mangertosi ingkang dipunginem.

Prekawis – prekawis ingkang kedah dipungatosaken inggih punika:

Patrap sarira tuwin pasuryan ingkang kedah katindakaken:
1.      Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jobin, Percaya diri.
2.      Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, namung sampun katingal kaku.
3.      Polatan katingal sumeh, namung mboten katingal kadamel – damel.
4.      Mriksani dhumateng para pamirsa kanthi trapsila.
5.      Penggalih dipunsarehaken, supados swanten mboten kepireng dredheg,
6.      Wiramaning wicara ingkang cetha sarta kajumbuhaken kaliyan kawontenan
7.      Swanten mboten perlu sora, ingkang cekapan ananging wijang.
8.      Ngagem basa ingkang alus, ananging mboten perlu basa ingkang muluk – muluk supados gampil dipunsuraos dening ingkang midhangetaken.
9.      Pangandikan mboten perlu muter – muter, ingkang cekak, ananging saged nyakup punapa – punapa ingkang badhe dipunkajengaken.

Wonten babagan ingkang kedah dipungatosaken ngengingi bab rantamaning sesorah, antawisipun:

1.      Salam pembuka (manut kapitadosan saha swasananipun)
2.      Purwaka inggih menika ngunjukaken puja – puji marang ngarsanipun Gusti saha atur panuwun marang para rawuh sarta ingkang mbiyantu lampahing adicara.
3.      Surasaning basa / isi/ wos sesorah, inggih menika uderaning bab ingkang dipunwedharaken.
4.      Dudutan (simpulan) inggih menika inti sarining wedharan pangajeng- ajeng inggih menika bab – bab kang dipunkajengaken dening ingkang nindakaken sesorah dhumateng ingkang mireng.
5.      Wasana inggih menika atur panuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakaken jejibahan.
Jinising Sesorah

a.       Sesorah kanthi cara (model) apalan.
Sesorah cara menika saderengipun sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken tembung ngantos ukaranipun persis kaliyan cathetan.
b.       Sesorah kanthi cara (model) naskah utawi teks.
Sesorah cara naskah utawi teks, menika juru pamedhar sabda saestu bekta naskah, teks utawi cathetan pidhato lajeng dipun waos sawetahipun, boten dipunapalaken.
c.       Sesorah kanthi cara (model) dadakan.
Sesorah cara dadakan, menika cara pidhato boten kanyana – nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi sesoirah.
d.      Sesorah kanthi cara (model) eksemporan. Sesorah cara menika kanthi cara juru pamedhar sabda ngasta utawi damel cathetan alit minangka gaman utawi pangemut – emut urutaning ingkang badhe dipun ngendikakaken.

Tuladha Sesorah

Teks Sesorah Gugur Gunung

Assalamu’alaikum Wr.Wb

Ingkang kula hormati Bapak Septiono Ponco Usodo S. Pd minangka kepala SMA Negeri 1 Comal. Bapak/Ibu Guru, Staf TU, kaliyan kanca-kanca ingkang kula tresnani

Puji syukur katur ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan, kebagaswarasan dhumateng kula panjenengan sedaya. Saengga kula lan panjenengan saget bimakempal ing papan panggenan menika lan saget ngendikakaken yaiku nyambut bakti sosial. Selajengipun, sholawat salam mugi-mugi tansah kaaturaken dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW, sumrambah dhumateng kulawarganipun, sahabatipun, saha pandherekipun. Mugi-mugi kula panjenengan sedaya pikantuk syafaat ing donya saha akhirat. Amin
Bapak/Ibu Guru lan kanca-kanca ingkang kinurmatan
Kitha remen kalian keindahan lan kebersihan. Kebersihan lan keindahan menika satunggaling kunci ketentreman. Ingkang asri lan sae badhe cepet ical kaindahanipun prikala mendeke mawon kanti kotor lan mboten kumrawat, kadosa ageman sae ingkang kotor dados mboten sae, semanten ugi kados untu ingkang rapi nanging kotor menika mboten diremeni.
Mula kangge njaga kabersihan lingkungan sekolah manga kitha laksanakaken kerja bakti. Tartamta kemawon kanthi kerja bakti punika kitha wiwiti kanthi ambudayakaken tresna datheng kebersihan lingkungan punika. Mula, bocah-bocah didawuhi Bapak/Ibu Guru kangge Gotong Royong supaya lingkungan sekolahane resik lan boten enten wabah penyakit.
Kangge nglancaraken kegiyatan menika, bocah-bocah didadosi Bapak/Ibu guru, betho alat-alat resik-resik saka griya. Resik-resik didadosi bapak Pembina ing sekolah kanthi lancar minangka kula ngaturaken resik-resik saka lingkungan sekolah, kamar mandi, mushola lan liya-liyane. Mula saben sakelas dibagi saben sak regu-regu supaya enggal.
Bapak/Ibu Guru lan kanca-kanca ingkang kinurmatan
Kebersihan menika satunggaling pokok kesehatan, menawi lingkungan sekolah kitha resik, mila gesang kitha badhe jeraos nyampun.
Mekaten atur kula, mbok bilih wonten tithaling kula nyuwun pangapunten, kiranging suba sita miwah tumpang suhing basa lan sastra panutuping atur.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Uyon - uyon

Cerkak