Cerkak
KAWRUH
CERITA CEKAK
Definisi
Cerita cekak utawi
ingkang asring kacekak ‘Cerkak’, punika salah satunggaling wujud prosa naratif
fiktif.
Unsur
Intrinsik
Unsur intrinsik inggih
punika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak. Ingkang kalebet unsur
intrinsik:
1. Tema
inggih punika underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken
underaning cariyos.
2. Latar
(setting) inggih punika panggenan wekdal swasana ingkang wonten ing salebetipun
cerkak. Cariyos punika kedhah cetha, wonten pundi kadadosanipun, wekdal,
kadadosanipun saha swasana sarta kawontenan rikala kadadosan kasebat
kalampahan.
a. Latar
papan
b. Latar
wekdal
c. Latar
kawontenan.
3. Alur
(plot) inggih punika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting
cariyos.
a. Alur
maju inggih punika reroncening kadadosan ingkang urutaning manut kaliyan
urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah
lumampah majeng.
b. Alur
mundur inggih punika reroncening kadadosan ingkang urutan kadadosanipun boten
miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyos ingkang lampahipun mundur.
c. Alur
campuran inggih punika campuran antawisipun alur maju kaliyan alur mundur.
Alur punika kaperang
dados pinten – pinten tataran, inggih punika pangantar, wiwitaning prekawis,
klimaks, anti klimaks, resolusi.
4. Watak
inggih punika gegambaran watak utawi karakter paraga – paraga ingkang wonten
ing cariyos, bab watak punika saged dipuntingali saking tigang aspek, inggih
punika:
a. Pacelathon
paraga
b. Gegambaraning
paraga
c. Gegambaraning
blegeripun paraga
Kangge nggambaraken
watak wantuning setunggaling paraga, panyerat limrahipun ngginakaken teknik:
a. Teknik
analitik, watak wantuning paraga kagambaraken kanthi langsung dening panyerat
b. Teknik
dramatik, watak wantuning paraga kagambaraken kanthi:
1) Nggambaraken
bab badan saha tindak tandukipun.
2) Nggambaraken
lingkungan gesangipun paraga
3) Basa
ingkang kaginakaken paraga
4) Cara
anggenipun mikir saking paraga
5) Cara
wontenipun paraga sanes
5. Nilai
(amanat) / piwulang luhur inggih punika piweling ingkang badhe kaaturaken
dening pangangget lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken
dhateng soksintena ingkang purun maos cariyos dening panyerat.
6. Cara
panyerat nyariyosaken (sudut pandang/point of view) inggih punika
kalenggahanipun panyerat rikala nyariyosaken. Point of view punika wosipun
kapantha dados kalih, inggih punika minangka tiyang ingkang kapisan lan katiga.
7. Gaya
bahasa / lelewaning basa
Unsur
Ekstrinsik
Inggih punika unsur –
unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos ananging gadhah pangaribawa
ingkang boten langsung ing cariyos punika. Unsur ekstrinsik punika:
a. Nilai-nilai
ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi)
b. Latar
belakang gesangipun panganggit
c. Kahanan
sosial rikala cariyos punika dipundamel.
Tuladha
Cerkak
Sing Nandur Bakal Ngundhuh
Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel
banget, lan hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane
Bu Umi kanggo dodol pohong menyang pasar. Sanadyan gaweyan iku abot, nanging Bu
Umi ora tau nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas I
SMP. Bu Umi ditinggal bojone wis pitung taun suwene, amarga bojone Bu Umi duwe
bojo liya. Kuwi uga dadi pawadan Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu
ibune.
Bu Umi biyasane menyang pasar jam setengah lima
esuk. Ilham saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar, amarga
pohung sing digawa kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham
bali menyang ngomah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah. Ilham kalebu bocah sing
pinter lan sregep, saengga Ilham bisa sekolah ning SMP sing mutune paling apik
lan dadi sekolah unggulan ing kabupaten.
Dina iki dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga lagi
mangsa rendheng saengga akeh pohung sing kebanjiran lan dadi ora enak dipangan.
Wektu iki Ilham lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi
mung bisa sabar ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayakake golek gaweyan liya sing
bisa disambi dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis
jam sanga esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing
nangis neng ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau.
“Hlo, ngapa nangis, Ndhuk?” pitakone Bu Umi marang
bocah kuwi.
“Aku nggoleki ibuku,” semaure nganggo basa ngoko
amarga durung ngerti basa krama.
“Hla Ibumu sapa? Kepriye bisa pisah karo ibumu?”
Bu Umi takon meneh marang bocah kuwi karo ngajak lungguh menyang lincak sing
dinggo dodol Bu Umi.
“Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol
permen.” semaure bocah kuwi karo isih nangis.
“Hla wis sida tuku permen?” pitakone Bu Umi karo
njupuk wedang kanggo bocah kuwi.
Bocah iku mung gedheg lan malah tambah banter
nangise.
“Oo… ya wis kowe nunggu ning kene wae karo ngombe
wedang iki dhisik, Ibu arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu
dhisik ya?” welinge Bu Umi menyang bocah kuwi.
Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur
tuku permen. Sanadyan regane larang, Rp5.000, nanging Bu Umi tetep numbasake
permen kanggo bocah kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi.
Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung. Bu Umi marani
ibu-ibu mau.
“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi
putranipun?” pitakone Bu Umi marang ibu-ibu kuwi.
“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos
anak kula?” ibu-ibu mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.
“Menika wonten bocah putri ugi madosi ibunipun.
Menapa leres putranipun panjenengan?” pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang
papan sing dinggo dodol Bu Umi.
“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing
nggoleki nganti bingung banget.” Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung
nggendhong anake kuwi mau sing wis ora nangis.
Bu Umi njlentrehake kadadean mau marang Bu Nurul.
“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi
anak kula,” Bu Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem, bungah.
“Inggih Bu, sami-sami,” wangsulane Bu Umi kanthi
menehake permen marang bocah kuwi mau.
Sawise Bu Nurul lan anake pamitan arep bali, Bu
Umi nerusake nata dagangane sing arep digawa bali. Nalika tata-tata, Ilham
nyusul menyang pasar amarga kepengin mbyantu ibune nggawa dagangan sing isih
akeh. Dina iki lagi ana rapat kanggo guru ing sekolahe Ilham, saengga kabeh
muride bali luwih cepet.
Saka njero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi
karo Ilham sing lagi nglebokake pohung ning bagor. Ing batine, Bu Nurul gumun
karo Bu Umi sing gelem tetulung marang wong sing durung tau ketemu.
Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah, nanging
atine tansah susah amarga durung bisa mbayar buku lan seragam. Bu Umi ngerti
apa kang lagi dirasakake putrane.
“Le, Ibu ngerti kowe lagi susah amarga bayaranmu
kuwi. Nanging, Ibu saiki durung duwe dhuwit sing ganep kanggo mbayar. Ibu
rencanane mengko arep nyilih dhuwit menyang budhemu dhisik. Dadi yen dina iki
Ibu entuk silihan dhuwit, sesuk kowe bisa mbayar buku lan seragam,” ngendikane
Bu Umi marang Ilham.
“lnggih Bu, kula nyuwun ngapunten sampun
ndadosaken Ibu susah.”
“Iki wis dadi tanggung jawabe Ibu. Dadi kowe ora
usah njaluk ngapura,” Bu Umi nglipur putrane supaya ora sedhih maneh.
“Nggih Bu, kula badhe mangkat sekolah rumiyin,”
Ilham pamitan lan salim marang ibune.
Nalika sayah ngaso, Ilham menyang perpustakaan ing
sekolahe. Ing kono uga ana Bu Nurul. Bu Nurul ing sekolahe Ilham amarga Bu
Nurul iku garwane kepala sekolah ing kono. Bu Nurul ngerti yen Ilham kuwi
putrane Bu Umi amarga wis tau weruh nalika ning pasar.
Bu Nurul nyawang Ilham kayane lagi susah, banjur
arep nyedhaki Ilham nanging bel tandha mlebu kelas wis muni. Bu Nurul ora sida
nemoni Ilham. Bu Nurul wis bisa ngira-ira yen Ilham lagi mikirake bayaran
amarga minggu iki telat-telate mbayar.
Bu Nurul banjur menyang kantor tata usaha (TU) lan
nakokake bayaran sekolahe Ilham sing durung lunas. Bu Nurul kepengin mbiyantu
mbayar buku lan seragame Ilham, nanging sadurunge kudu takon dhisik marang
Ilham.
Nalika bali sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU
kanggo nemoni Bu Nurul. Amarga durung ngerti apa pawadane dheweke diceluk
menyang TU, atine Ilham dadi dheg-dhegan. Banjur diterangake yen bayarane arep
dilunasi Bu Nurul kanggo wujud matur nuwune marang ibune Ilham. Ilham seneng
banget lan njaluk idin arep matur marang ibune dhisik.
Sawise Ilham matur marang ibune, Bu Umi kaget. Lan
kanggo rasa ngurmati, Bu Umi menyang sekolahe Ilham lan nakokake piwelinge Bu
Nurul rikala wingi. Bu Nurul wektu iku uga ana ing sekolah.
“Bu Umi, kula badhe nyuwun pirsa menapa kula
angsal mbiyantu panjenengan anggenipun mbayar buku lan seragamipun Ilham?
Menika kangge wujud matur nuwun kula dhateng panjenengan ingkang sampun
mbiyantu njagi anak kula nalika wonten peken,” pitakone Bu Nurul kanthi alus
supaya ora nglarani atine Bu Umi.
“Saderengipun matur nuwun, ananging kula menika
ikhlas mbiyantu panjenengan lan boten gadhah gegayuhan menapa-menapa,”
ngendikane Bu Umi.
“Inggih Bu, ananging menika ugi kangge bebungah
Ilham amargi sampun dados juwara setunggal ing sekolah menika.” Bu Nurul wis
ngerti yen Ilham duwe prestasi kang apik lan dhuwur ing sekolah.
“Alhamdulillah, menawi kados mekaten, kula
ngaturaken matur nuwun sanget awit bebungah menika, Bu,” wangsulane Bu Umi
sinambi mbrebes mili.
“Kula ingkang kedahipun ngaturaken matur nuwun
dhateng panjenengan,” ngendikane Bu Nurul.
“Inggih Bu, sami-sami,” Bu Umi lan Bu Nurul banjur
salaman.
Bu Umi ora ngira yen tumindake sing kanggone ora
sepira kuwi bisa diwales kanthi kaya mangkono. Bu Umi tansah percaya yen apa
wae kang dilakoni ing donya iki mesti bakal diwales kaya sing ditindakake, kaya
unen-unen: apa sing ditandur, ya kuwi sing bakal diundhuh.
PENULIS: Kusmira Dwi Ayuani, Mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret
Komentar
Posting Komentar