Sesorah
KAWRUH SESORAH Pangerten Sesorah yaiku salah satunggaling kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawi ide. Sampun kawuningan, bilih nindakaken ayahan minangka pranatacara tuwin pamedhar sabda utawi sesorah menika dados punjering kawigatosan. Supados nengsemaken ing samudyanipun, pramila kedah nggatosaken: 1. Busana (Ageman). Anggenipun ngadi busana kajumbuhna kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi. Umpamanipun ing pahargyan panganten, langkung prayogi ngagem busana kejawen jangkep. 2. Subasita (Trapsila, Tata krami). Trapsila ingkang kirang, ugi badhe ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bawa sampun ngatos kadamel – dalem, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nanging boten kaken. 3. Swara (Vokal, Basa Populer) Kedaling lesan kedhah kangladhi, supados saged lang...