Postingan

Sesorah

KAWRUH SESORAH Pangerten Sesorah yaiku salah satunggaling kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawi ide. Sampun kawuningan, bilih nindakaken ayahan minangka pranatacara tuwin pamedhar sabda utawi sesorah menika dados punjering kawigatosan. Supados nengsemaken ing samudyanipun, pramila kedah nggatosaken: 1.       Busana (Ageman). Anggenipun ngadi busana kajumbuhna kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi. Umpamanipun ing pahargyan panganten, langkung prayogi ngagem busana kejawen jangkep. 2.       Subasita (Trapsila, Tata krami). Trapsila ingkang kirang, ugi badhe ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bawa sampun ngatos kadamel – dalem, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nanging boten kaken. 3.       Swara (Vokal, Basa Populer) Kedaling lesan kedhah kangladhi, supados saged lang...

Uyon - uyon

Gambar
KAWRUH BUDAYA GAMELAN KARAWITAN Kasusastran kang tinemu ing gendhing 1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang. 2. Cengkok yaiku lak-luking swara kanggo nglagokake tembang. 3. Gendhing yaiku lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan. 4. Gamelan yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp. 5. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur. 6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur). 7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang. 8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik. 9. Senggakan yaiku unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/ pradangga 10. Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri. 11. Wiraswara yaiku penyanyi kakung. 12. Gerong ya...